Sabtu, 10 Januari 2015

kisah singkat dewi kunthi dalam bahasa jawa



tugas bahasaa jawa.jpgDEWI KUNTHI
Raja Mendura Sura (bangsa Yadawa) gadah anak kaleh, Basudewa lan Dewi Prita. Raja gadah sepupu asmane Kuntibohja, sing mboten gadah anak. Trus Prita diwenehne Raja Kuntibohja. Sawise iku Prita dikenal nganggo jeneng Dewi Kunthi. Kuntibohja kedayuhan Begawan Drusawa, nalika cilik Kunthi dipunutus ngurus uwong iku setahun. Trus Begawan iku ngewenehi mantra jenenge aji pameling marang Kunthi kangge nimbali dewa, lan dewa sing ditimbali iso menehi anak. Kunthi nyobo mantra iku, ujug-ujug Dewa Surya teka. Dewa iku kaget amarga sing nyeluk cah cilik, trus Kunthi meteng. Amarga emoh isin bayi iku ditoke teko kuping karo Dewa Surya lan dijenengne Karna trus dilarungne ing kali. Karna ditemu lan diopeni Adirata.
Kunthi nikah kaleh Raja Pandu, tapi ora iso nduwe anak amarga pandu dikutuk resi ing alas. Akhire Dewi Kunthi gunakake aji pamelinge lan mbayangake Dewa Yama, Dewa  Bayu lan Dewa Indra trus lahiro Yudistira, Bhima, lan Arjuna. Dewi Madri belajar mantra iku lan mbayangake Dewa Aswin trus lahiro Nakula , Sadewa. Swise ngono Pandu seda lan Dewi Madri melu garwane diperabune.
Kunthi lan Pandhawa selamet saka peristiwa kobonge istana kayu, lan pindah ing negri Eka Chakra. Ing kono ana raksasa serakah Bakasura sing nyuwon panganan, kabeh uwong wedi lan akhire pangananne diterke Bima. Trus Basukara mati dipateni Bima.
Ing perjalanan dheweke ketemu raksasa Harimba lan Harimbi, Harimbi tresna marang Bima tapi Bima ora tresna marang Harimbi. Harimba dipateni Bima, lan Harimbi diubah nganggo kekuatanne  Kunthi (jeneng ajine mboten ngertos) dadi wadon sing ayu lan Bima akhire gelem. Trus lahira Gathutkaca.
Sakderenge perang Barathayuda Kunthi khawatir amarga sajare  Krisna adipatine Hastina Karna iku putrane ndisek. Nalika Karna ngelakoni persembahan, Kunthi marani lan ngobrol wong kalih. Deweke gelisah banget nalika Arjuna lan Karna perang, Kunthi nyerahake kabeh karo Krisna.
Pirang-pirang sasi sawise perang Kunthi ngomong ing anak-anake yen tugase uwis rampung. Dewi Kunthi ngentekaken uripe karo Dewi Gendari lan drestarastra ing alas pinggir kali Gangga. Uripe ndeweni kanggo Hyang Widi. Sampek sadina panggone bertapa kobong lan kabeh sing ing kono seda.

2 komentar:

Anonim mengatakan...

thanks...

Unknown mengatakan...

Dewa Surya tidak berperikemanusiaan ia membuang bayi kunthi neng kali

Posting Komentar