
Raja Mendura Sura (bangsa Yadawa) gadah anak kaleh, Basudewa
lan Dewi Prita. Raja gadah sepupu asmane Kuntibohja, sing mboten gadah anak.
Trus Prita diwenehne Raja Kuntibohja. Sawise iku Prita dikenal nganggo jeneng
Dewi Kunthi. Kuntibohja kedayuhan Begawan Drusawa, nalika cilik Kunthi dipunutus
ngurus uwong iku setahun. Trus Begawan iku ngewenehi mantra jenenge aji
pameling marang Kunthi kangge nimbali dewa, lan dewa sing ditimbali iso menehi
anak. Kunthi nyobo mantra iku, ujug-ujug Dewa Surya teka. Dewa iku kaget amarga
sing nyeluk cah cilik, trus Kunthi meteng. Amarga emoh isin bayi iku ditoke
teko kuping karo Dewa Surya lan dijenengne Karna trus dilarungne ing kali.
Karna ditemu lan diopeni Adirata.
Kunthi nikah kaleh Raja Pandu, tapi ora iso nduwe anak amarga
pandu dikutuk resi ing alas. Akhire Dewi Kunthi gunakake aji pamelinge lan
mbayangake Dewa Yama, Dewa Bayu lan Dewa
Indra trus lahiro Yudistira, Bhima, lan Arjuna. Dewi Madri belajar mantra iku
lan mbayangake Dewa Aswin trus lahiro Nakula , Sadewa. Swise ngono Pandu seda
lan Dewi Madri melu garwane diperabune.
Kunthi lan Pandhawa selamet saka peristiwa kobonge istana
kayu, lan pindah ing negri Eka Chakra. Ing kono ana raksasa serakah Bakasura
sing nyuwon panganan, kabeh uwong wedi lan akhire pangananne diterke Bima. Trus
Basukara mati dipateni Bima.
Ing perjalanan dheweke ketemu raksasa Harimba lan Harimbi,
Harimbi tresna marang Bima tapi Bima ora tresna marang Harimbi. Harimba
dipateni Bima, lan Harimbi diubah nganggo kekuatanne Kunthi (jeneng ajine mboten ngertos) dadi
wadon sing ayu lan Bima akhire gelem. Trus lahira Gathutkaca.
Sakderenge perang Barathayuda Kunthi khawatir amarga sajare Krisna adipatine Hastina Karna iku putrane
ndisek. Nalika Karna ngelakoni persembahan, Kunthi marani lan ngobrol wong kalih.
Deweke gelisah banget nalika Arjuna lan Karna perang, Kunthi nyerahake kabeh
karo Krisna.
Pirang-pirang sasi sawise perang Kunthi ngomong ing anak-anake
yen tugase uwis rampung. Dewi Kunthi ngentekaken uripe karo Dewi Gendari lan
drestarastra ing alas pinggir kali Gangga. Uripe ndeweni kanggo Hyang Widi.
Sampek sadina panggone bertapa kobong lan kabeh sing ing kono seda.
2 komentar:
thanks...
Dewa Surya tidak berperikemanusiaan ia membuang bayi kunthi neng kali
Posting Komentar